Tugas basa jawa
Nama : Resti Mayangsari (27)
Shania Bintan Khofify (31)
Lakon : Andhe-Andhe Lumut
KETHOPRAK : 1. Basa
Migunakake
basa jawa baku
2. Busana
Busana
wong jawa (kemben, kebaya, beskap)
3. Lakon / Cerita
Nyeritakake kedadean ing kraton
1. Ana
pirang adhegan?
2. Saka
adhegan jelasna : a. Setting Panggonan lan swasana
b. Pelaku lan Watak
c. Ringkesan crita
3.
Kepriye ringkesane crita?
4.
Tulis lan jelasna pitutur lan
filosofi sing ana ing crita!
1. Ana 5 adhegan : -Omah gedheg ing
padesan
-Pinggir kali (Ana Yuyu Kangkang)
-Pinggir kali (Ana Kodhok Ijo)
-Gerdu
-Omahe Andhe-Andhe Lumut
2. Adhegan 1
·
Setting : a) Setting Panggonan : Omah
gedheg ing padesan
b) Setting Swasana : Seneng-seneng,
jejogedan, gembira
·
Paraga : Para Klething lan Mbok Randha
Karangwulusan
·
Inti Crita : Para klething lan embane
padha seneng-seneng, nanging banjur simboke teka ngandhani yen ana Jaka Tiban
ing Desa Dhadhapan sing nggoleki calon pasangane (Sekartaji). Simbok ngongkon
para klething supaya nglamar. Para Klething banjur budhal nglamar lan dipacaki
ayu-ayu. Klething Kuning teka lan ngerti yen sedulure padha ngunggah-ngunggahi,
dheweke ngomong yen Klething Kuning uga pengen melu ngunggah-ngunggahi. Nanging
karo simboke ora oleh, akhire Klething Kuning dipacaki ala lan diwenehi
ambon-ambon sing ora enak karo simbok
Adhegan 2
·
Setting : a) Setting Panggonan : Pinggir
Kali
b) Setting Swasana : Bingung, Kaweden
·
Paraga : Para Klething lan Yuyu Kangkang
·
Inti Crita : Kleting Abang, Klething
Ijo, Klething Ungu, lan Klething Biru wis teka ing pinggir kali sing banjir lan
jeru. Nanging Para Klething ora bisa nyabrangi kali kui mau. Ujug-ujug metu
Yuyu Kangkang saking njero kali lan dheweke gelem nulungi para Klething
nyabrang, nanging ana syarate yaiku Para Klething kudu nguwehne pipine sing
iring-iring. Sawuse iku, Klething Kuning teka ing pinggir kali, nanging Yuyu
Kangkang ora gelem nulungi amarga wujude Klething Kuning sing ala lan ambune
sing ora enak. Akhire, Yuyu Kangkang mbalek ing wujud asline yaiku manungsa
sing jenenge Tumenggungg, dheweke ditugasi karo Andhe-Andhe Lumut gawe nunggoki
sekartaji. Klething Kuning akhire bisa nyabrang amarga banyune wis sat saka
kekuatane tongkate dheweke.
Adhegan 3
·
Setting : a) Setting Panggonan : Pinggir
Kali
b) Setting Swasana : Bingung
·
Paraga : Para Klething lan Kodhok Ijo
·
Inti Crita : Sawise nyabrang kali, Para
Klething isih kudu ngliwati kali maneh. Ing Pinggir kali Kleting Abang, Klething
Ijo, Klething Ungu, lan Klething Biru ditemoni karo Kodhok Ijo, panjelmane
panggawa keratin. Kodhok Ijo uga podho karo Yuyu Kangkang. Dheweke nduweni
syarat gawe Para Klething angger gelem nyabrangake, yaiku njaluk pipine para
Klething sing alus-alus. Sawise para mbakyune nyabrang, Klething Kuning teka
ing pinggir kali lan uga ditemoni Kodhok Ijo, nanging Kodhok Ijo wegah nulungi
Klething Kuning gae nyabrang kali. Sawise ditinggal Kodhok Iho sing uga mbalik
ing wujud asline amarga tongkate Klething Kuning. Banyu ing kali iku ora jeru
dadi Klething Kuning lan mbake sing ragil bisa ngliwati kali mau kanthi slamet
Adhegan 4
·
Setting : a) Setting Panggonan : Gerdu
b) Setting Swasana : Seneng
·
Paraga : Para Klething lan Tukang Jaga
Gerdu
·
Inti Crita : Ora krasa, yen wus bengi,
Para Klething ketemu karo Para Tukang Jaga Gerdu. Para Klething dikongkon turu
sewengi ing gerdu iku. Ora kuat nyawang Para Klething sing ayu-ayu lagi turu.
Para tukang jaga gerdu nduweni niat ala marang Para Klething kui mau. Maringono,
Klething Kuning teka lan langsung diusir maring Para Tukang Jaga Gerdu.
Klething Kuning slamet saka niat ala ne panjaga gerdu kui mau lan nutukake
perjalanane.
Adhegan 5
·
Setting : a) Setting Panggonan : Omah
(Keraton) Andhe-Andhe Lumut
b) Setting Swasana : Seneng, gembira
·
Paraga : Para Kleting, Andhe-Andhe
Lumut, lan Mbok Randha Dhadhapan
·
Inti Crita : Kleting Abang, Klething
Ijo, Klething Ungu, lan Klething Biru wis teka ing omahe Andhe-Andhe Lumut.
Nanging Andhe-Andhe Lumut wegah nrima lamarane Para Klething iku mau senajan
Para Kleting iku wis dadi tipake Yuyu Kangkang, Kodhok Ijo, lan Tukang Jaga
Gerdu. Para Klething sing ayu-ayu kui mau mulih. Ora let suwi teka Klething
Kuning sing ambune ora enak lan pacaane ala. Mulane Mbok Randha Dhadhapan ora
setuju yen Andhe-Andhe Lumut nrima lamarane Klething Kuning, nangin sawise
weruh yen Andhe-Andhe Lumut iku sejatine Putra Nalendrane Raja Jenggala, Panji
Asmarabangun. Akhire Andhe-Andhe Lumut nemokake Klething Kuning sing sejatine
Sekartaji gawe dadi garwane lan urip tentrem selawase.
Pelaku lan Watak
a) Para
Emban : -Setya marang bendarane
“Oo,
awakmu yo pengen nduwe bojo? Yowes tak dongakne mugo-mugo wonge lanang kui,
apik nggae awakmu”
-Grapyak
“Loh
mbok? Klething Kuning kok pnyapo kok pacaki koyok ngnono? Mesakne to, gek
ambune yo koyok ngono”
b) Para
Kleting : -Klething Ijo, Klething Ungu, Klething Biru = Egois, sombong, hormat
marang biyunge.
Kleting
Ijo : “Ngene lo yu, apik-apikane sampean ae sing gelem. Sampean kan wes tuwek”
Klething
Ungu : “Hooh lo yu, sampean ae”
-Klething Ungu = Sombong
“Yo aku no sing bakal ditampa, aku kan
sing ayu to”
-Klething Ijo = Sak penake dhewe
Klething Abang : “Wis
rampung Yung, lek nyambut gawe. Aku mbendino masak, Klething Biru iki nyapu,
Iki Klething Ungu umbah-umbah”
Klething Ijo : “Aku
turu Yung”
Klething Abang : “Kowe
ngono ancen ora kenek diomong ancene tukang turu”
-KlethingAbang, Klething Ijo, Klething Ungu, Klething Biru = Hormat
marang biyunge
Klething Abang ; “Yowes
lakno Yung, dongakno aku ditampa ya”
(Para Klething budhal
amarga manut karo dhawuhe biyunge kanggo ngunggah-ngunggahi Jaka Tiban)
-Kleting Kuning = Sabar, lugu
c) Mbok
Randha Karangwulusan : Ora adil marang anak-anake
“Lha
ngko yen tak pacaki ayu, mbak-mbake Klething Biru, Klething Ijo, Klething
Abang, lan Klething Ungu ora ketampa lan bakal kalah saka Klething Kuning”
d) Andhe-Andhe
Lumut : Wicaksana
“Badhe
kados pundi senajan rupinipun ala, nanging kulo tresno kalih piyambak”
e)
Yuyu Kangkang : Licik, ala
“Aku gelem nyabrangke yen ana syarate”
“Iyo piring, pipimu sing iring-iring kui lo”
f)
Kodhok Ijo : Licik, ala
“Wong njaluk tulung iku mesti ana imbalance”
“Aku pengen pilus, pipimu sing alus huhuhuhu”
g)
Tukang jaga gerdu 1 : -Genit
Klething Ijo : “Aaaa.. Lha wong kuping
kok disebul”
- Setya maring kewajiban
“Heh, kowe ki aja rena-rena, kowe ki
dadi keamanan desa. Bisa nentremke desa. Ora kenal karo tumindak ngono kui”
h)
Tukang jaga gerdu 2 : - Licik, lan ala
“Sssst.. menenga.. ngaliha kowe (lirih)”
i) Mbok Randha Dhadhapan : Pilih-pilih marang
calon mantune,
“Kaya ngono kui piwalesmu maring wong
tuwa. Enek sing ayu-ayu, ambune wangi, resik ora mok tampa, lha saiki wis kere,
ala lan ambune kaya ngene iki malah mok tampa”
3.
Ringkesane Crita Andhe-Andhe Lumut
Para klething lan embane padha seneng-seneng,
nanging banjur simboke teka ngandhani yen ana Jaka Tiban ing Desa Dhadhapan
sing nggoleki calon pasangane (Sekartaji). Simbok ngongkon para klething supaya
nglamar. Para Klething banjur budhal nglamar lan dipacaki ayu-ayu. Klething
Kuning teka lan ngerti yen sedulure padha ngunggah-ngunggahi, dheweke ngomong
yen Klething Kuning uga pengen melu ngunggah-ngunggahi. Nanging karo simboke
ora oleh, akhire Klething Kuning dipacaki ala lan diwenehi ambon-ambon sing ora
enak karo simbok.
Kleting Abang, Klething Ijo, Klething Ungu, lan
Klething Biru wis teka ing pinggir kali sing banjir lan jeru. Nanging Para
Klething ora bisa nyabrangi kali kui mau. Ujug-ujug metu Yuyu Kangkang saking
njero kali lan dheweke gelem nulungi para Klething nyabrang, nanging ana
syarate yaiku Para Klething kudu nguwehne pipine sing iring-iring. Sawuse iku,
Klething Kuning teka ing pinggir kali, nanging Yuyu Kangkang ora gelem nulungi
amarga wujude Klething Kuning sing ala lan ambune sing ora enak. Akhire, Yuyu
Kangkang mbalek ing wujud asline yaiku manungsa sing jenenge Tumenggungg,
dheweke ditugasi karo Andhe-Andhe Lumut gawe nunggoki sekartaji. Klething
Kuning akhire bisa nyabrang amarga banyune wis sat saka kekuatane tongkate
dheweke.
Sawise nyabrang kali, Para Klething isih kudu
ngliwati kali maneh. Ing Pinggir kali Kleting Abang, Klething Ijo, Klething
Ungu, lan Klething Biru ditemoni karo Kodhok Ijo, panjelmane panggawa keraton.
Kodhok Ijo uga podho karo Yuyu Kangkang. Dheweke nduweni syarat gawe Para
Klething angger gelem nyabrangake, yaiku njaluk pipine para Klething sing
alus-alus. Sawise para mbakyune nyabrang, Klething Kuning teka ing pinggir kali
lan uga ditemoni Kodhok Ijo, nanging Kodhok Ijo wegah nulungi Klething Kuning
gae nyabrang kali. Sawise ditinggal Kodhok Ijo sing uga mbalik ing wujud asline
amarga tongkate Klething Kuning. Banyu ing kali iku ora jeru dadi Klething
Kuning lan mbake sing ragil bisa ngliwati kali mau kanthi slamet
Ora krasa, yen wus bengi, Para Klething ketemu karo
Para Tukang Jaga Gerdu. Para Klething dikongkon turu sewengi ing gerdu iku. Ora
kuat nyawang Para Klething sing ayu-ayu lagi turu. Para tukang jaga gerdu
nduweni niat ala marang Para Klething kui mau. Maringono, Klething Kuning teka
lan langsung diusir maring Para Tukang Jaga Gerdu. Klething Kuning slamet saka
niat ala ne panjaga gerdu kui mau lan nutukake perjalanane.
Kleting Abang, Klething Ijo, Klething Ungu, lan
Klething Biru wis teka ing omahe Andhe-Andhe Lumut. Nanging Andhe-Andhe Lumut
wegah nrima lamarane Para Klething iku mau, senajan Para Kleting iku wis dadi
tipake Yuyu Kangkang, Kodhok Ijo, lan Tukang Jaga Gerdu. Para Klething sing
ayu-ayu kui mau mulih. Ora let suwi teka Klething Kuning sing ambune ora enak
lan pacaane ala. Mulane Mbok Randha Dhadhapan ora setuju yen Andhe-Andhe Lumut
nrima lamarane Klething Kuning, nangin sawise weruh yen Andhe-Andhe Lumut iku
sejatine Putra Nalendrane Raja Jenggala, Panji Asmarabangun lan Klething Kuning
iku sejatine Sekartaji. Akhire Andhe-Andhe Lumut nemokake Klething Kuning sing bakal
dadi garwane lan urip tentrem selawase.
4 .
Pitutur / Filosofi saking crita
o
Uwong/ bocah lek ayu iku bakal nemoni
godhaan lan dicoba luwih akeh, nanging yen wong sing rupane ala bakal slamet
saka niat wong-wong liya sing ora becik.
o
Yen uwong ora tumindak adil marang
anake, bakal kena cilaka lan apa sing wis kedadeyan ora padha karo apa sing
dikarepake.
o
Uwong iku aja didelok saka njabane
(ayune/baguse) nanging kudu didelok kanthi njerone (atine)
Posting Komentar