NAMA
KELOMPOK : Alifian Singgih F (04)
Hardiansyah Maulana D (19)
Hening Cahya Ridhayanti (20)
Rafli Geraldy (26)
Resti Mayangsari (27)
Shania Bintan K (31)
Titania Netty A (32)
M. Ilham Musriadi P (36)
EMAN
si Bocah Mbeling
Esuk-esuk srengenge wis mlethek lan njedul
katon saka turone Eman, si bocah mbeling lan ndablek sing urung gelem tangi. Yo
wis ngono kui isine Eman sabendinane.
Mbok
Tar : Le, tangi le ! wis
padhang jingglang kok kowe sek mlungker ae.
Lela
: Percuma mbok. Cak Man mboten nate mireng.
Mbok
Tar : Gugahen kono.
Guyangen banyu pisan lek gak gelem tangi
Lela
: Enggih Siap mbok.
Tapi….
Mbok
Tar : Nyapo maneh??
Lela
: Mangke kasuripun teles sedaya, cak man nggih boten nate ngurusi.
Pun, jenengan tenang mawon , niki kula wonten cara.
Lela
: (bengok-bengok nang kupinge Eman) ‘KOBONGAN-KOBONGAN..
Tulung… tulung… tulung..
Eman
: apa… apa.. kobongan??? (glagapan)
Mbok
Tar : Ssssttttttt…….. iki
ya padha nyapo ta?
Eman
: Lho mbok ana kobongan, ora ngungsi ta? (jek bingung
Mbok
Tar : Kowe iki ngelindur ta?
Lela
: Hahaha… haha… iyo . Tak apusi sampean Cak. Salahe dewe ora
tangi-tangi. Wes awan panase koyo ngene kok.
Eman
: Ooo… bocah cilik kurang ajar kowe iku.
Lela
: Heleh, anggite sampean iku gak cilik ta?
Mbok
Tar : Halaah.. padha
cilike ae lok-lokan barang. Wes ndang nimbo kono Man,
Eman
: Sek ta lah mak, bener jare sampean. Podo cilike lha iku irunge… hahaha
Mbok
Tar : Le… le… tak sabet kowe
kene ngko lek ora ndang (Eman mlayu)
Pak
RT
: Assalamualaikum. Wonten napa iki mbok?
Mbok Tar
: Waalaikumsalam. Niki lho Pak RT, Eman terus. Biasane nggawe kisruh.
Pak
RT
: Oalah. Yahmno yahmene kok Eman terus. Kowe ora isin ta Man??
Eman
: Lha nyapo isin. Wong aku klambenan .
Lela
: Halah… ngomong ae sampean ora duwe isin. Yo ta? Karo wong tuwa kok ora basa blas
Eman
: Kowe iku mesti melok-melok !! meneng ngono lho.
Mbok
Tar : Wes mbuh Man.
Dikandani kok ora kenek. Ngelu aku mikirne kowe.
Eman
: Yo wes ora usah dipikir ! ngono ae repot.
Sugeng
: (bengok-bengok nang ngarep omahe Lela)
La.. ela.. e e e.. under my umbrella. Terno aku nang Jagalan. Cepet La !
Lela
: Bengak-bengok ning omahe wong. Ora nduwe omah ta?
Pak
RT
: Aduh Nak, ojo bengak-bengok ae. Wes ndang terno Sugeng kae lho..
Lela
:Enggih Pak, Sugeng pancen rada saliwang.
Mbok kula mlampah-mlampah rumiyin nggih (saliman)
Mbok Tar
: Iyo Nak terno nganti teka omahe ae yo. Ndang mbaliko.
Lela
: Enggih mbok, mboten janji tapi. (nyelonong ngalih).
Eman
: Heh, ora pamitan karo mas mu ta Ndhug?
Sugeng
: Lel, ndang cepet, aku selak garing o.
Mbok
Tar : Geng mreneo!
Bengak-bengok ae, nyapo nang Jagalan? Ngguwak Eman ta?
Eman
: Eling Mbok anak dhewe diguwak, angel lho nggawene.
Sugeng
: Omongan mu lo Man, aduh isin karo Pak RT ki lho.
Niku lho Mbok rencang kula sektas bali saking Jakarta. Badhe dhateng griya kula
lha dalah kesasar.
Pak
RT
: Yo ndang budhal, mesakne kanca mu ngko nangis. Gak enek balon ndek kene.
(Lela lan Sugeng nang jagalan)
Eman
: Pak RT karo Mbok iki kok ora nggenah blas , anake dewe ditokne ngene.
Pak
RT
: Hush ! sek apik kowe diingoni mbokmu. Kuwalat kapok lho yo
Eman
: Sopo sampean ? nguwalatne aku
Mbok Tar
: Ati-ati Man, suwe-suwe kowe mengko kuciwa lak nganti nggawe aku mangkel, karo
wong tuwa ki mbok yo sing boso ngono lho, Man
Eman
: Lho mbok, dongane kok elek ngunu ta? Lha aku pancen yo durung bisa lho Mbok
Mbok
Tar : Mosok kalah karo
adhimu Lela to Man, opo ndak isin kowe?!
Pak RT
: Sabar mbok, ngeten wae Eman sampean ajak ngaji saben sore sing kaliyan Bu
Haji niku lho.
Mbok
Tar : Oh iya ya, Wis Man,
ngko sore kowe kudu melu aku. Lak ora, awas yo
Eman
: Hhhaaa…..?? Emoh aku. Campur ibu-ibu
Nang
jagalan, Sugeng ngomong dhewe.
Sugeng
: Iki pisan endi Menik, sing tas muleh saka Jakarta iki ??
Menik : Assalamualaikum Sugeng. Iki lho aku, Menik. Sak jam aku
muter-muter ora ketemu-ketemu omahmu.
Sugeng
: Loh? Omong karo aku ta ?
Menik
: Ora, karo sandalku iki lho. Woiyo
sandalku iki kok sisihan ta? Sitoke nyang ndi?
( Bu Haji moro)
Bu
Haji
: Assalamu’alaikum. Iki sandale sopo kok sisihan ngene iki Ndhuk?
Sugeng + Menik :
Wa’alaikumsalam Bu Haji.
Menik
: ( Nyaut sandal) Lha iki sandalku. Matur nuwun Bu Haji, Alhamdulillah Ya Alloh
mugi-mugi Panjenengan diparingi sehat wal afiat. Aamiin .
Bu Haji
:
Waduh.. waduh, waduh, endel tenan bocah iki! Sopomu Zah?
Sugeng
: Rencang kula Bu, naminipun Menik.
Menik
: Hehehe.. Menik Menik Bu Haji.
Bu Haji
: Iya
ora apa-apa Nik. Omahmu endi Nduk sampe kesasar nang Jagalan?
Menik
: Wah.. omah, sandal niki wae kula ditumbasne kaliyan Tiyang sepuh kula kok Bu.
Jelasipun, kula mboten saget tumbas omah.
Sugeng
: Yongalaaah.. uduk kui Meniikk! Omahe wong tuwamu endi?
Menik
: Sepurane Zah, lali gak tak gowo. Tasku uwes abot. Nggawa omah, lak gak
mlaku-mlaku aku. GAK KUAT - - (ekspresi datar)
Bu Haji
: Arek
iki gak waras ta Zah? (bisik-bisik)
Sugeng
: Mboten sumerep kula Buk, pun dangu mboten ketemu.
Menik
: Hallo... Awan-awan ngene kok ngerasani, jare kancaku nang ‘GAK ILOOK’.
Nang Pos Kamping
Tarmin
: Woi bro. Nyapo mecucu koyok ngunu ? tambah elek lho
Eman
: Ngunu to? Koncone dewe dilokne elek. Aku wes eroh. Gak usah diomong-mongno.
Yo podo eroh. Ngunu-ngunu aku yo anake mbokku.
Tarmin
: Berarti mbokmu la’an sing elek.
Eman
: Lho yo. Duduk aku lo yo seng ngomong. (rodok bengok)
Tarmin
: Ono opo kok mecucu ngono he?
Eman
: Aku dipekso karo pilihane mbokku.
Tarmin
: Opo? tenanan Man (kaget)
Eman
: Iyo Min. aku yo rodo wedi karo mbokku.
Tarmin
: Opo kowe wis siap? Ilengo kowe sek cilik
Ayu ta?
Eman
: Apane, ibu-ibu kok ayu. Yo wes koyok mbokku ngunu.
Tarmin
: Astaghfirullahaladzim. Edan iku Man. Edan tenan !
Eman
: He.. kowe nyapo? Edan-edan barang.
Tarmin
: Lha iyo, awakmu jarene kudu nuruti pilihane mbokmu
Eman
: Sakjane, iku yo sarane Pak RT.
Tarmin
: Lho?? Astaghfirullahaladzim Man. Sakno kowe
Eman
: Sek to? Nyapo kowe nyabut nyebut ae?
Tarmin
: Kapan iku dilaksanakno?
Eman
: Ngko sore.
Tarmin
: Opo? Wes nggolek penghulu ta?
Eman
: He? Lha nyapo kathek penghulu, anggite aku arep kawin aa?
Sugeng :
(moro-moro teko) opo?? kawin?
Sugeng
: Eman arep kawin, karo mbok-mbok?
Eman
: Ojo ngawur to kowe? Sopo sing arep kawin?
Tarmin
: Lha iku maeng.
Eman
: Maksutku, aku dikon mbokku melu pengajian Ibu-ibu. Karepen ben aku tobat. Iso
boso karo wong tuwa lan ora mbeling meneh. Ngunu lho.
Kabeh
: Owalah…
Sorene nang masjid.
Bu Haji
: (kabeh podo kumpul) Assalamualaikum…(banter)
Jamaah
: Waalaikumsalam wr.wb
Bu
Haji
: Jamaah...
Jamaah
: Dalem.
Bu
Haji
: Nggeh pun.
Saiki ayo di bahas masalah nakale arek nom-noman.
Mau isuk, ana bocah papat arep geger.
Mbok
Tar : Eman to Bu Haji ?
Ancene kowe iku senengane geger tok Man, Jian !
Eman
: Aku maneh
Kabeh
: Lha sopo maneh lak gak kowe ?
Menik
: Assalamualaikum. Sepurane Bu Haji kulo telat.
Bu
Haji
: Waalaikumsalam. oh yo gapopo ndhuk.
Bu
Haji
: Dadi, ibu-ibu panjenengan sedaya kudu nuntun anake dhewe-dhewe kareben mboten
kecanthol gawean-gawean sing ala. Kaya mabuk-mabukan, tawuran lsp. Di didik
supaya dadi wong jujur.
Bu
Haji
: Dadi mari ngene opo sing elek ditinggal sing apik ayo di gowo muleh.
Menik
: Nggeh Bu Haji. Tapi kula wonten urusan liya niki. Dados kula pamit rumiyin
nggih. Assalamualaikum.
Wektu mulih saka masjid.
Bu
Haji
: Sampun Nggih ibu-ibu, kula wangsul rumiyin.
Tarmin :
Nggeh Bu Haji.
Bu
Haji
: Assalamualaikumsalam wr.wb
Tarmin&Sugeng : Waalaikumsalam
wr wb
Bu Haji
: Kok podho durung mulih
Sugeng :
Kulo ngrantosi Eman, Bu Haji.
Bu
Haji
: Lo arep nang ndi?
Tarmin
: Kulo bade blonjo bu,, hehehe..
Bu
Haji
: Blonjo opo, aku gak mok kei.
Tarmin
: Heheh... ageman dados riyoyo Bu Haji.
Bu
Haji
: Poso wae sek durung kok wes tuku klambi riyoyo.
Tarmin
: Mangke lak ngrentosi riyoyo reginipun sedaya mundak Bu Haji.
Bu
Haji
: Iyo wes aku tak mulih sek lekno yo,
Tarmin
: Nggih monggo-monggo Bu Haji.
Bu
Haji
: Lo sandalku kok ilang.
Sugeng
: Wonten napa bu? (marani Bu Haji)
Bu Haji
: Sandalku ilang Mah.
Sugeng
: Lo kok saget Bu Haji. Bu Haji mbonten supe ta? ngagem sandal kok sisihan.
Bu
haji
: Aku iki yo jek enom Mah. Mosok wes lalian.
Tarmin
: Paling nggeh Eman Bu sing njupuk.
Bu
Haji
: Hheehhh... gak oleh su’udzon lo Mah !
Sugeng
: Lha terus sinten lak mboten Eman.
Bu
Haji
: Be’e kowe sing njupuk, kowe sing ndurung mulih dewe ngunu.
Sugeng
: Lo kok kula Bu, lha jarene mboten angsal su’udzon.
Bu
Haji
: Yowes aku tak mulih sek
Sugeng
: Kondur ngagem nopo?
Bu
Haji
: Yo terpaksa nyeker aku Mah
Tarmin
: Owalah bu, bu kok yo mesa’aken temenan njenengan niku.
Bu
Haji
: Hhuuuusssttt.. meneng o. (isin)
(Tiba-tiba
Menik liwat)
Bu Haji : Lhoh Menikk,
sek sek mandhek o dhisek Ndhuk
Menik : Wonten
nopo Bu Haji? Hehe kula badhe teng warung niki
Bu Haji : Sek sek tak
delenge sikilmu
Menik : Sikil?
Bu Haji : Lhooohh kui
lak sandhalku to Niik, woo ancene. Lha kok ayu-ayu nyolongan to Nik.
Menik : Lhoh Bu,
njenengan kan kalawau rawuh, yen kita kudu mundhut sing sae-sae lan ninggalake
sing ala. Nah niki kula mundhut sandhal ingkang sae lan ninggalake sandhal kula
sing ala niku Bu
Bu Haji : Gubraakk ora
ngono maksude, Meniiiikkk.. Maksude kita kudu nglakoni penggawean sing becik,
lan ninggalake sing ala Meniiik. Haduh mumet ndasku.
Menik : Oalaaaahh
ngoten to Bu. Hehehe ngapunten nggeh Bu, niki sandhalipun panjenengan
2
wulan sawuse Eman dilebokake Mbok Tar ing pengajian. Akhire dheweke bisa dadi
bocah sing sopan marang wong tuwa lan ora mbeling maneh. Dheweke banjur bisa
migunakake boso karma inggil yen ngomong karo wong sing luwih tuwa.
TAMAT
Eman : M. Ilham Musriadi
Pangerang
Menik : Shania Bintan K
Bu Haji : Hening Cahya R
Mbok
Tar : Titania Netty A
Tarmin : Alifian Singgih F
Sugeng : Hardiansyah Maulana D
Lela : Resti Mayangsari
Pak RT : Rafli Geraldi
Posting Komentar